Pengobatan Rekomendasi Nabi Muhammad 1

Pengobatan Oxidant Releaxing Therapy, salah sawijining pengobatan kanthi cara ilahiyah. Cara sing tau digunakake dening Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam. Dene piranti sing digunakake yaiku hijamah, bekam, kop, canthuk.

Cara pengobatan iki gabungan saka medis kedokteran barat lan timur, sing efektif, efisien, sarta bisa dibuktekake kanthi logis. Iki bisa kanggo nyegah penyakit (preventif) lan pengobatan kuratif.

Ing negara Eropa rikala abad kaping 18, nggunakake kewan lintah minangka sarana kanggo ngisep tumpukan getih reged sing ana sajroning anggane manungsa. Tegese metodhe hijamah bisa ditindakake kanthi maneka warna cara.

Jaman krajan Sumeria, pengobatan hijamah ngrembaka nganti tekan Babylonia, Mesir, Saba’ lan Persia. Manut cara pengobatan medis moderen, cara hijamah diarani medis Oxidant Releasing Therapy (ORT).

Pusat ORT, ing Depok Jawa Barat iki dipandhegani dening Candra P. Pusponegoro. Manut katerangane Candra, menawa cara nambani kaya iki, kudu ditindakake kanthi cara profesional, teliti, ahli, sabar, lan dilandhesi rasa ikhlas.

Nambani nggunake cara dikop iki wis dibuktekake kanthi uji klinis, sing tegese lelarane wis diterapi bakal mari tenan. Cara iki kudu duwe wawasan mligi babagan medis, amrih jroning praktek ora nyebal saka paugeran, pernatan, lan kode etik kedokteran sing ana.

Candra, rikala ing tengahe sasi Juni 2005, bebarengan karo kancane ngedegake Bengkel Manusia ing kawasan Cempaka Putih Barat XIXX Jakarta Pusat. Sabanjure ngenalake pengobatan iki, ing Pekanbaru 28 April tekan 28 Mei 2007, ngadani pengobatan marang masarakat Riau Daratan.

Sabanjure Candra ninggalake Jakarta, lan 4 Mei 2008 mekarake metode iki ing Magelang, Jawa Tengah. Sejatine jroning ragane manungsa ngandhut zat-zat kaya dene timbel, insektisida, pengawet, alkhokol, zat pewarna, lan pestisida.

Sakliyane koyo logam, polusi udara (kebul rokok, kendaraan, mesin pabrik), polusi lemah, banyu lan liya-liyane sing mbebayani tumrape manungsa.

Sebab ing jaman moderen iki ora uwal saka babagan maneka warna zat kimia. Maneka warna racun sing ana sajrone ragane manungsa ora merga nutrisi sing kurang akeh, nanging amarga kekebalane raga kurang apik, sistim imunitas iki tandhane raga gampang kesel, ora grengseng, kabotan raga, kelangan gairah seksual, katon cepet tuwa, tumor, penyakit degeneratip, lan penyakit infeksi.

Maneka warna penyakit mau asale saka tumpukan rereged jroning raga. Oksidan Releaxing Therapy yaiku salah sawijining pengobatan kanthi nggunakake carane Rasulullah sing digathukake karo cara medis moderen, laras karo hadis nabi sing unine mengkene,

“Saapik-apike carane wong nambani kaya sing wis mboktindakake, yaiku cara al hijamah” (HR. Bukhari Muslim). Dene yen nambani kanggo pasien sing kena gangguan psikiatrik ing antarane, depresi, gangguan kepribadian, gangguan mangan, rasa was kuwatir, nggunakake obat alkohol sing kurang pas (narkoba), lan skizofrenia. Kejaba kuwi, terapi oksidan bisa kanggo kesarasan reproduksi, kurang subur, utawa mandhul.

Cara Urip Sing Sehat

Cara sing paling gampang, sadurunge penyakit nyerang awake dhewe, becike awake dhewe nggunakake cara mangan sing teratur, gizi imbang lan olah raga sing ajeg. Bab iki wis kabukten menawa manungsa wis akeh duwe karibetan, kakehan gawean, pikiran keporsir mesthi ora kober migatekake babagan mangan, racake padha nglalekake anane kesarasan.

Cara sing kaya ngono mau mesthi wae, nyuda kekebalane raga. Jalaran wong nyambut gawe sing ragane diforsir, diprok-prok tanpa diimbangi mangan lan gizi sing cukup, kekuwatane raga bakal kekuras entek. Yen kahanane raga wis ora duwe daya kekuwatan, virus lan bakteri gampang nyerang raga.

Manut panalitene para ahli gizi, jenis panganan tambahan sing sipate instan, ora bisa ngganti sumber daya asli. Jalaran campuran kimiawi sintetik, gampang nuwuhake maneka warna lelara. Kedadean Thalidomide (1960), ing wektu kuwi atusan bayi lair kanthi cacat, jalaran akeh nggunakake obat-obatan sintetik slng mbebayani mungguhing raga.

Kanthi anane kedadean iki, akeh para ahli kesehatan sing banjur nggunakake cara pengobatan naturopati (alam). Carane nambani lara nggunakake bahan racikan alamiah, iki akeh digunakake dening masarakat, jalaran ora ana efek samping sing mbebayani. (Rini Widayati/Djaka Lodhang)

No comments:

Bengkel Manusia Yayasan An Nubuwwah Batam

Peta Lokasi Bengkel Manusia

Pages

Website Resmi Bengkel Manusia Indonesia:
www.an-nubuwwah.or.id
www.bekam.or.id
www.ruqyah.or.id
www.bekamruqyah.com
www.bekambatam.com
www.bekamdibatam.com
www.terapioksidans.com
www.terapioksidan.or.id
www.bekambatamruqyahbatam.com
www.bekamjakartaruqyahjakarta.or.id